KUMPULAN SULUK, MACAPAT DAN ADA-ADA KHAS SUJIWO TEJO VOL. 5 | The Mantra of Everything
Автор: Sujiwo Tejo
Загружено: 2025-06-01
Просмотров: 1392
Описание:
#soundrelaxation #javanesemusic #wisdom
MACAPAT PANGKUR PELOG NEM / MACAPAT PANGKUR MINGKAR MINGKUR
Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Sapantuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning Jiwangga
Yen mangkono kena sinebut wong sepuh
Liring sepuh sepi hawa
Awas roroning ngatunggil.
MACAPAT GAMBUH PELOG NEM / MACAPAT GAMBUH INGSUN TUTUR
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahaning Manon.
MACAPAT POCUNG PELOG NEM / MACAPAT POCUNG NORA WUWUS
Nora uwus, kareme anguwus uwus,
Uwose tan ana,
Mung janjine muring-muring,
Kaya buta buteng betah nganiaya.
MACAPAT SINOM PELOG BARANG / MACAPAT SINOM RATUNE RATU UTOMO
Ratune ratu utama,
Patihe patih linuwih,
pra nayaka tyas raharja,
panekare becik-becik.
Parandene tan dadi,
paliyasing Kala Bendu,
mandar mangkin andadra.
Rubeda angrebedi,
beda-beda ardaning wong sanegara.
MACAPAT MASKUMAMBANG PELOG BARANG / MACAPAT MASKUMAMBANG MAS BONO
Jejer janma jan jane muhunng nuhoni
Pakarti kang luhung
Iku kang kudu Piniji
Yekti Mangko begja mulya
MACAPAT PANGKUR PELOG BARANG / MOCOPAT PANGKUR WEDHATAMA
Jinejer ing Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi sepa lir sepah asamun,
samangsane pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.
MACAPAT POCUNG PELOG / MACAPAT POCUNG DURGAMENG TYAS
Taman limut, durgameng tyas kang meh limput,
Kerem ing karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing sukma ngrebda saardi gengira.
Dalang: IG @president_jancukers
Gender: IG @enlind5506
Suling/siter: IG @kukuh_indrasmara
Gambang: IG @samsmara_2024
Rebab: IG @dhianasmoro.batik
Gong: IG @y.putropendowo
Penerjemah: IG @zwestyaridasarie
Editor video: IG @yunussetiawan2
Penyelaras akhir: IG @purpalart
Cover Thumbnail: #SujiwoTejosFont
Повторяем попытку...
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео
-
Информация по загрузке: