KUMPULAN SULUK, MACAPAT DAN ADA-ADA KHAS SUJIWO TEJO VOL. 6 | The Mantra of Everything
Автор: Sujiwo Tejo
Загружено: 2025-07-06
Просмотров: 1199
Описание:
#soundrelaxation #javanesemusic #wisdom
SULUK LAGON PLENCUNG JUGAG LARAS SLENDRO PATHET NEM "SULUK IRIM-IRIM JOGJA"
Irim - irim kembang bopong
Kembang bopong terate bang
Rerayungan lung malengkung ong
Rumambat pepuletan
weh semu kang mawor raras Raras renaning ndriya.. hong
SULUK LAGON PLENCUNG WETAH LARAS SLENDRO PATHET NEM "SRI TINON 2"
Sri tinon langening pamyat
Busana maneka warna
Renggeng kencana retna bra
Bandera layu kumitir
Sinrang pandresing maruta
Sirna kumaraning wiyat
Mantyan kumlebeting dwaja
Suh brastha kayu kaprapal
Puspita anjrah ing siti
Ron mawur katyuping angin
kukila ambyar sumebar
SULUK LAGON PLENCUNG JUGAG LARAS SLENDRO PATHET NEM "SULUK LENGLENG RAMYANINGKANG"
Leng-leng ramyaningkang
Sinung wadi,
Sinung Wadi Jagad kari among
Mbak lumembak obyaking segara angok Ae.. Ana…
Bale lumut ambregengnggeng
Aweta dhenceng-dhengcengan O….
SULUK PATHET NEM JUGAG "SULUK HANJRAH INGKANG PUSPITO"
Hanjrah ingkang puspita rum,
kasiliring samirana mrik, O ,
sekar gadung, kongas gandanya, O,
maweh raras renaning driya, O, O .
SULUK SENDHON PANANGGALAN SLENDRO NEM "SULUK SIANG PANTARA RATRI"
Siyang pantara ratri,
hamung cipta pukulun, O,
tan nalyan kang kaeksi,
mila katur, ingkang cundhamanik,
prasasat rageng , ulun kang sumembah,
mungwing padanta prabu,
myang kagunganta singsim,
sasat sampun prapti,
katon asta pukulun ,
wulattan narapati, O.
Rama dewaningsun, O.
SULUK TLUTUR SLENDRO "SULUK LAMUN MATI JOGJA"
hong…
Lamun mati aja dadi dewa ratu, hong…
Sukma ilang kontrang-kantringan
Oncating sukma dedhencengan
lir ganggeng kulawan lumut
manut ilining tirta
lelambak tumekeng samodralaya
lebur katyuping mandra, hong…
Dalang: IG @president_jancukers
Gender: IG @enlind5506
Suling/siter: IG @kukuh_indrasmara
Gambang: IG @samsmara_2024
Rebab: IG @dhianasmoro.batik
Gong: IG @y.putropendowo
Penerjemah: IG @zwestyaridasarie
Editor video: IG @yunussetiawan2
Penyelaras akhir: IG @purpalart
Cover Thumbnail: #SujiwoTejosFont
Повторяем попытку...
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео
-
Информация по загрузке: