ASMORONOLO voc shinta narulita & ndandung || TJ MUSIC || ELNINO AUDIO
Автор: KIKY creative space
Загружено: 2025-02-20
Просмотров: 352818
Описание:
Sumawur cahya lintang
Asri rinengga ing awang-awang
Anekseni, prasapaning ati
Amung sira, juwita kang tak tresnani
Sinurung ing pamuji
Ubayane datan mbalenjani
Labuh tresna, akeh ing rubeda
Panyuwunku, kukuh ing Prastya
Reff :
Senadyan, nyabrang samudra hagni
Setyaku, ora bakal sun lincati
Senadyan, munggah pucuking arga
Tresnaku ra bakal sirna
Sakehing, rubeda kang tumeka
Sirna awit gedhene rasa tresna
Sinawung, kidung asmara nala
Setya tumeka oncating nyawa
Pocapan/Monolog :
Nimas wong ayu jejimating tilamsari
Ya mung sira mangka mustikaning nala
Nadyan sewu widodari tumurun ing arcapada
Sedyaku ora bakal kengguh ing prasapa
Nyuwuna tumurune lintang lan mudune rembulan
Yekti bakal tak wujudi, Awit genging tresnaku marang sira yayi
Повторяем попытку...
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео
-
Информация по загрузке: