VIDEO PAWARTA|| UJIAN PRAKTEK B.jawa||PROGRAM SEKOLAH BEBAS PLASTIK ||KELOMPOK 4 || XII-4
Автор: PASFOR SMANIKA
Загружено: 2026-02-08
Просмотров: 20
Описание:
“Prastawa sampah ingkang saya kathah wonten ing lingkungan sekolah punika sejatosipun dados pangeling tumrap kita sedaya, utaminipun para siswa, pendidik, saha warga sekolah. Sampah boten namung ndadosaken lingkungan sinau dados reged lan boten prayogi, nanging ugi saged ngganggu kesehatan saha kenyamanan nalika nglampahi kegiatan pasinaon.
Liwat pawartos punika, mugi kita sedaya saged langkung eling lan waspada, bilih kabiasaan alit gadhah pengaruh ageng tumrap karesikan sekolah. Salah satunggaling langkah nyata ingkang saged katindakaken inggih punika kanthi nggawa tumbler kangge ngunjuk, saha tepak bekal piyambak saking griya, supados saged nyuda panggunaan plastik sekali-ginakaken.
Sekolah boten namung papan sinau ngudi kawruh, nanging ugi papan nglebetaken nilai budi pekerti, disiplin, saha tanggung jawab tumrap lingkungan. Wektunipun kita boten namung nyalahaken kahanan utawi tiyang sanes, nanging miwiti owah-owahan saking diri piyambak.
Mangga sami njagi kabersihan lingkungan sekolah, ngatur sampah kanthi wicaksana, saha mbudidaya nggawa tumbler lan tepak bekal saben dinten, supados sekolah dados papan sinau ingkang resik, sehat, nyaman, lan lestari tumrap generasi salajengipun.”
KELOMPOK 4:
1. Angel August Dara Syafina // 02
2. Dimas Farrel Bima Ardinata // 10
3. Muhammad Farrel Adithya // 21
4. Nayla Najwa Camila Robbi // 28
5. Valexa Salsabilla // 35
Повторяем попытку...
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео
-
Информация по загрузке: