LANGGAR WATES (Keris Sing Ora Kudune) Short Film
Автор: smanda.creative
Загружено: 2026-02-16
Просмотров: 1374
Описание:
cerito iki ngelingake awake dhewe yen rasa penasaran lan kepinginan nduwe sesuatu ora oleh ngalahke kejujuran lan tanggung jawab. Kadhang kala manungsa kepincut karo barang sing katon unik lan istimewa, nanging ora kabeh sing narik ati kuwi dadi hak kita.
Barang sejarah lan pusaka budaya pancen nduwe nilai lan makna sing jero. Ing njero ana perjuangan, identitas, lan warisan saka leluhur. Ngajeni budaya iku wujud rasa hormat marang jati diri lan asal-usul kita. Nanging pesen saka crita iki ora mung babagan barang sejarah wae.
Apa wae barangé, yen dudu duwemu, aja dijupuk
Ora perduli barang kuwi cilik utawa gedhe, murah utawa larang, barang biasa utawa pusaka. Yen dudu hak kita, njupuk tanpa izin iku tetep salah. Kesalahan cilik yen dibiasakake bisa dadi kebiasaan sing mbebayani.
Saka tumindake Aura, kita sinau yen saben tumindak nduwe akibat. Rasa serakah, sanajan mung sedhela, bisa nggawa masalah gedhe. Nanging crita iki uga ngajari yen kesalahan ora kudu dadi akhir. Sing paling penting yaiku wani ngakoni salah lan gelem ndandani.
Kejujuran, tanggung jawab, lan rasa hormat marang wong liya iku nilai sing luwih berharga tinimbang barang apa wae sing bisa diduweni.
Kajaba kuwi, crita iki uga nuduhake pentinge peran keluarga lan kanca. Nalika ana sing salah dalan, wong-wong sing peduli bakal ngelingake lan nuntun supaya bali menyang dalan sing bener.
Mula saka kuwi, ayo padha eling:
Aja serakah marang apa sing dudu duwemu.
Ngajeni barang wong liya iku tandha akhlak sing apik.Ngajeni budaya lan sejarah iku tanggung jawab bebarengan.Saben kesalahan isih ana kesempatan kanggo diperbaiki, yen kita gelem jujur lan tanggung jawab.
Muga-muga saka crita iki, kita bisa dadi pribadi sing luwih jujur, luwih tanggung jawab, lan luwih ngajeni hak wong liya.
Sutradara
Aura Azzahra Sulistiya
Produser
Kelas Xii-K
Penulis Skenario
Queenaya Wahyu
Sinematografi
Nur Ali Amirudin
Editor
Nur Fahrozi
Penata Musik
Fadlun Amrudin
Penata Artistik
Ian Irawan
Penata Kostum & Tata Rias
Nabila Khoirunnisa
⸻
PEMERAN
Aura Azzahra Sulistiya — sebagai (Aura)
Queenaya Wahyu — sebagai (neya)
Nayla Khanza Nurmahya — sebagai (nayla)
Dina Amalia — sebagai (dina)
Valentian Adi Saputra — sebagai (valen)
Muhammad Imammudin — sebagai (imam)
Muhammad Lutfi Hanif — sebagai (hanif)
Indy Najwa Syafiqoh — sebagai (ibu aura)
Ian Irawan — sebagai (tour guide)
Ahmad Fiki Firmansyah — sebagai (hantu)
Nur Fahrozi — sebagai (peran pendukung)
Nur Ali Amirudin — sebagai (peran pendukung)
Nabila Khoirunnisa — sebagai (peran pendukung)
⸻
Lokasi Pengambilan : Ndalem Wongsorogo, Candiroto & SMA N 2 KENDAL
Ndalem Wongsorogo, Candiroto & SMA N 2 KENDAL
⸻
©️ Tahun Produksi : 2026
Judul Film : Langgar Wates
Повторяем попытку...
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео
-
Информация по загрузке: